Minggu, 05 Februari 2012

SYI'IR TANPO WATON (Versi Asli)

Gus Nizam As-Shofa
أَسْتَغْفِرُ اللهْ رَبَّ الْبَرَايَا * أَسْتَغْفِرُ اللهْ مِنَ الْخَطَايَا رَبِّ زِدْنِي عِلْمًا نَافِعَا * وَوَفِّقْنِي عَمَلاً صَالِحَا ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ * يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ عَطْفَةً يَّاجِيْرَةَ الْعَالَمِ * يَا أُهَيْلَ الْجُودِ وَالْكَرَمِ
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran Kelawan muji maring Pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo pitungan 2X
Duh bolo konco priyo wanito Ojo mung ngaji syareat beloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sengsoro 2X
Akeh kang apal Qur’an Haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale 2X
Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto 2X
Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine 2X
Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thoriqot lan ma’rifate Ugo haqiqot manjing rasane 2X
Al Qur’an qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis biso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing jero dodo 2X
Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu’jizat Rosul dadi pedoman Minongko dalan manjinge iman 2X
Kelawan Alloh Kang Moho Suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadohi Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X
Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas-pasan Kabeh tinakdir saking Pengeran 2X
Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podho rukun ojo ngersulo Iku sunahe Rosul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito 2x
Ayo nglakoni sakabehane Alloh kang bakal ngangkat drajate Senajan asor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate 2X
Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Alloh swargo manggone Utuh mayite ugo ulese 2X
ياَ رَسُولَ اللهْ سَلاَمٌ عَلَيْكْ * يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ عَطْفَةً يَّاجِيْرَةَ الْعَالَم * يَا أُهَيْلَ الْجُودِ وَالْكَرَمِ

Tidak ada komentar: